Kamis, 12 Agustus 2021

TEKS PEMBAWA ACARA /BAHASA JAWA

 PAHARGYAN PENGANTEN

 

Ass. Wr. Wb

 

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

 

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkat dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.

 

Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.

 

Dene wigatosing sedya, Bapak…….sekaliyan kersa mahargya putra penganten  sarimbit,  inggih  punika………..,  putra-putrinipun  Bapak  Ibu…….., saha nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..

 

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..

 

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

 

1.   Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.


 

 

 

 

 

 

2.   Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

 

3.   Ndhungkap  adicara  ingkang  kaping  tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

 

4.   Kalajengaken   adicara  ingkang  kaping  sekawan   inggih   menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

 

5.   Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.

 

6.   Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

 

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

 

Bismillaahir rohmaanir rohiim.

 

Matur nuwun. Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagya  sakinkeluwarga,  ingkang  badhe  dipunsarirani  dening panjenenganipun Bapak……….   dhumateng panjenenganipun bapak……kula sumanggakaken.

 

Prememori

 

Matur nuwun dening panjenenganipun bapak……ingkang sampun kepareng amakili keluwarga ngaturaken pambagya rawuhipun para tamu.

 

Para lenggah ingkang minulya, adicara ingkang kaping tiga inggih menika paring sabda saking penganten kakung, ingkang badhe dipunsarirani dening bapak……… Dhumateng panjenenganipun bapak… kula sumanggakaken.

 

Prememori

 

Kula aturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak………minangka wakilipun keluwarga penganten kakung. Ndhungkap adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pangandikaning keluwarga saking penganten putri ingkang badhe dipunsarirani dening panjenenganipun bapak………. Wekdal saha papan kula aturaken.

 

Prememori


 

 

 

 

 

 

Mekaten para rawuh, atur pangandikan saking wakilipun keluwarga penganten  putri,  dening  panjenenganipun  bapak……  Dhumateng panjenenganipun bapak……..kula aturaken agunging panuwun.

 

Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, saklajengipun adicara ingkang kaping enem, inggih menika wedharing Sabda Tama deningpanjenenganipun bapak……… Dhumateng panjenenganipun bapak……..kula sumanggakaken.

 

Prememori

 

Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak….., ingkang sampun kepareng paring sesuluh tumuju dhumateng para pengaten sarimbit. Mugi sedaya dados wuwuhing sangu anggenipun gesang bebrayan.

 

Para tamu ingkang minulya, adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, dene adicara dinten menika saged kalaksanan kanthi wilujeng. Sumangga kula dherekaken.

 

Alhamdu lillaahi robbilaalamiin

 

Cekap,matur nuwun.

 

Para rawuh ingkang minulya, Bapak Ibu…..sekaliyan nyuwun agunging  pangaksami mbok bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, saha anggenipun cawis palenggahan tuwin atur pasugatan boten katuju prana. Kondur panjenengan sami, bapak…….sekaliyan naming saged ndherekaken kasugengan. Sarta mbok menawi solah bawa utawi atur kula kirang mranani, kula nyuwun agunging pangaksama.

 

Matur nuwun, sugeng kondur.

 

 

Tuladha :

 

 

Adicara Layon

 

Ass. Wr. Wb

 

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

 

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

 

Inggih   awit   saking   keparengipun   Bapa Mulyan sekaliyan,   kula kapitados ndherekaken lampahing adicara layon ing kalenggahan punika. Inggih anahoni titi wanci ingkang sampun katemtokaken ing wekdal punika, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

 

Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

 

Kalajengaken  atur  panuwun  sarta  pambagya  saking  kaluwarga  ingkang nandang dukito.

 

Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur panglipur saking para asung pambela sungkawa.

 

Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan donga kangge alm. Ibu Kuswa saha kapungkasi dening panutup.

 

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para rawuh ingkang ngrasuk agama sanes, kula sumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.


 

 

 

 

 

 

Bismillaahir rohmaanir rohiim.

 

Matur nuwun. Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur panuwun saha pambagya saking keluwarga, ingkang badhe dipunsarirani dening panjenenganipun Bapak Mulyana. Dhumateng panjenenganipun bapak Mulyana kula sumanggakaken.

 

Prememori

 

Matur nuwun dening panjenenganipun bapak Mulyana ingkang sampun kepareng amakili keluwarga ngaturaken pambagya rawuhipun para tamu.

 

Para lenggah ingkang minulya, adicara ingkang kaping tiga inggih menika panglipur saking Pemerintah Desa ingkang badhe dipunsarirani dening bapak Beni. Dhumateng panjenenganipun bapak Beni kula sumanggakaken.

 

Prememori

 

Kula aturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak Beni minangka wakilipun Pemerintah Desa. Ndhungkap adicara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan dedonga kangge bidhaling layon alm. Ibu Kuswa, ingkanbadhe  dipunsarekaken  wonten  ing  dusun  MajuJaya,  ingkang dipunsarirani  deninbapak  Ahmad.  Dhumatenbapak  Ahmad,  wekdal  saha papan kula dherekaken, sumangga.

 

Prememori

 

Sampun   ndhungka purnaning   upacara   in kalenggaha punika, pramila mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging pangaksama. Sumangga upacara ing kalenggahan punika dipunpungkasi kanthi sesarengan muji sokur konjuk wonten ngarsa  Allah,  dene  lampahing  upacara  saking  purwa,  madya  dumugi  wasana saged kalaksanan kanthi wilujeng.

 

Cekap atur kula. Wassalaamu’alaikum wr.wb.

 

Tuladha :

 

 

Adicara Layon

 

Ass. Wr. Wb

 

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

 

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

 

Inggih   awit   saking   keparengipun   Bapa Mulyan sekaliyan,   kula kapitados ndherekaken lampahing adicara layon ing kalenggahan punika. Inggih anahoni titi wanci ingkang sampun katemtokaken ing wekdal punika, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

 

Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

 

Kalajengaken  atur  panuwun  sarta  pambagya  saking  kaluwarga  ingkang nandang dukito.

 

Ndhungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur panglipur saking para asung pambela sungkawa.

 

Kalajengaken adicara ingkang kaping sekawan inggih menika waosan donga kangge alm. Ibu Kuswa saha kapungkasi dening panutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Proposal penelitian diare yang terjadi dimasyarakat

                                                                      BAB I PENDAHULUAN ...